Kamis, 26 Juli 2018

Emak-Emak Ngecipris dalam Bahasa Rembang


Aku ndek isuk mau tangi rada kawanen. Ngono iku dadine lak rush morning leh. Kowe paham gak artine rush morning? Nek gak paham takokna gugel. Gugel ki reti opo ae. Pomeneh artine rush morning, kowe takok lagune Nissa Sabyan sing hmm hmm ae dekne reti kok. Sangar leh?😁

Pokokmen ngono. 

Kluthak kluthik ning pawon nyiapno sarapan karo bekal ...eh bontotan nggo sing budhal sekolah ambek sing kerja. Kerja..kerja..kerjaaaa... Wis gajian koyone, tanggal piro saiki Mak? Isah isah ambek lambene kadang-kadang muni nek misale cah cah kurang cepet entuke tandang. Ngunu iku lho caaahh, sarapan kok malah ndelok kartun spongebob. Takkongkon ndang siyap siyap, eh..ndilalah aku kok yo lali jebul klambine anak-anakku nggo dino iki durung taksetriko.
Ealaahh...rush morningku kok koyo embuh.

Ben ogak embuh, aku sambi ngrungokna lagune Nissa Sabyan, tapi dudu sing hmm hmm. Wong durung takdonlot.
Ngono iku tapi aku iseh sempet mbukak pesbuk ambek wasap saah. Lak embuh leh?
Nek jarene wong-wong jenenge multitasking emboh multi opo kae. Pokokmen ngono.

Anak wedhok budhal disik. Wis rapi, lengkap. Bar iku, trus anak lanang sing budhal. Jam bis sekolahe beda sakjam. Bar nyetriko aku lak nyapu leh. Ngono iku yo sempat lungguh disik sah, nyekel hape trus nyetatus. Emak macam apah?! Hahaha.

Wis jam wolu. Bar iku karo eling-eling. Kok aku selo banget eh suelone pol ngeneki leh. 

Ndeeeehhhh, jebulane anak cilikku sing playgroup durung tangi.

Saya merasa embuh. 😑

Tidak ada komentar: